Hoe, Cak, Ning, Salam kenal..
Sepurane dherek, sak jane mau sore aku wes posting perkenalan, tapi terpaksa tak delete mergo diseneni karo sing duwe panggonan iki, jenenge tamu yo manut ae karo sing duwe omah, lak ngono seh.. (Gae Cak STR karo Cak Cempluk aku njaluk sepuro yo.. lha nek njaluk duit paling yo gak dikek’i kan? wekekeke..)
Aku dewe yo gak ngerti teko endi jluntrunge, moro2 arek2
nyeluk jenengku DION, padahal asline dudu iku, wong atase arek teko ndeso ae..
Umurku? halah yo paling
luwih nom utowo luwih tuwek
sithik teko sampeyan kabeh.. Nek gak percoyo takok’o MARDUN ae, biyen tau sak bimbel mbek aku ndek Ganesha Operation
Statusku? aku yo jek kuliah ndek ITS, mbuh S1 ta S2 iki, sing jelas kuliahe uangel tapi nyuantai trus koncoku ayu2 karo ganteng2. Ambek yo kadang2 neng warnet, ndelok arek2 nyambut gawe, trus nek kurang tepak yo tak pisuhi ngene: “cok, sing tepak ta nek nyambut gawe iku, moso wayahe kerjo kok chatting ambek nulis blog ae! tak potong gajimu lho ya?!”
Kadang2 aku yo kluyuran neng alas, Cak, Ning, ndulek
kayu jati, mari ngono diragap arek2, mulai digraji, trus
dibentuk dadi macem2, yo mejo, yo kursi, yo dingklik,
yo lawang, yo kusen, yo ragangane omah, utowo sak sire
sing pesen. Lha sing pesen iku mau tonggo2ku dewe, yo kadang tonggo deso, tonggo kecamatan, tonggo kutho, tonggo propinsi, sampe tonggo negoro..
Lha sing aku gak iso ngempet iku rasane pengen ngomooong
ae, tapi ngomonge kudu neng ngarepe mic sing digantung
neng studio radio. istilahe siaran ngono lah.. kadang aku yo ditegur mbak arek2, ngene jarene: “cak.. cak.. sampeyan iku pancet ae, sing duwe radio, tapi kok yo jek pengen siaran ae!”. Yok opo maneh, kadung dadi hobi mulai aku cilik
Trus iki rahasia, Cak, Ning, aku wes 7 tahun iki kecanduan SS! Wes poko’e sedino ae gak ngonsumsi SS aku iso lemes dhempes, masio ngombe IREX yo jek lemes ae! Pokok’e kudu SS, lan dosise kudu tinggi! Temenan iki!
Tapi SS-e dudu sing biasane iku, Cak, Ning, tapi Suara Surabaya! Aku seneng ngrongokne YUSUF KIKI lan
konco2ne siaran ndek kono iku. Mboh pas neng ngomah utowo neng ndalan aku mesti “ngonsumsi” SS iku mau.
Ahahaha… tiwas mikir macem2 yo?!
Opo maneh yo? Oio, aku iki jek blajaran nulis blog, makane aku mertamu rene iki pengen blajar karo sing wes jago, nek tulisanku enek sing salah yo sepurane, maklum, anyaran!!!
Lha nek pengen moco blog-ku yo KLIK iki..
Nek pengen ndelok FS-ku yo KLIK iki..
Sing doyan YM, chat karo aku nick deeonbiz
***Trus tahun baru iki acarane opo yo? Moso njingkrung
neng omah ae, Cak, Ning? Mbakar jagung ta? Karo igo sapi? trus dicocol2ne kecap? Enak paling yo??!!
Komentar
27 arek sing komentar nang “Hoe, Cak, Ning, Salam kenal..”
Kirimen komentarmu





sepp!! gak sia-sia ternyatra tadi japri-japrian!
oyo, nek sampeyan arep mbahas soal taun baruan, monggo nggawe postingan dengan tag [BAHAS] lalu dimasukkan ke kategori Cangkrukan.
Hmm… salam kenal ^^ rada bingung ma bahasa Jawa, but mostly ngerti lah XDDD~~~
wekz orang pertama yang nulis profil pake suroboyoan full
lupa, met kenal mas

sa kampus
barusan baca ulang postingan ini. ckckckck …
nek mau, ancen posisi saya sebagai tuan rumah dan sampeyan sebagai tamu, tapi saiki awak-awak dewe iki sing podo nduwe panggonan iki, dudu perseorangan thok ngono. oce??
usulannya cak dion apa neh? wifian gratis di ITS… hehehe
met gabung bang dion..wah ternyata dikau cubby y..*kabur*
Salam Kenal Mas. Welcome..welcome……..Um ternyata ga ada hubungan ama si det jawapos ya mas..:d
salam kenal mas dion ^^, luuh ayo.. tahun baru gathering lagi ^^
Salam kenal, mas! koncone mardun ta?! omonongo arek’e lek ketemu, arep ak traktir mangan mi goreng sak lapangane ITS.. sampekno lhooooo! awas lek nggak!
Cak Cak… peno iki wonge rodok ora beres yo? tak delok delok, kok ono gangguan jiwa…
salam kenal!
waduh ketoan ne sampeyan iki sibuk yo.. yo ga opo2 sak sibuk2 e kudu iso sempet nulis blog.. XD~
nak masalah tahun baru aq melu ae, nak iso gratis mas.. XD~
salam kenal!!
waduh-waduh mas…
sampean nggarai aku kaget ae, yo wis lah nek ngono.
aku yo seneng ngerungokno SS kok, pancene apik programe.
tiwas mikir aneh-aneh aku…
Q juga seneng ngrungokno SS, opomane pass wayahe mas Iman Dwihartanto, karo mas Yoyong Burhanudin…
Salam kenal yo mas…
wis rek!! engkok malah dadi ajang ngrasani radio nggonku kerjo. Aku lak sungkan tah? Cak Dion, welcome to the Tugu…nek nang SS ojok sms thok rek, mbok yo on air ngono lhoo..!! lha kok malih aku sing rasan-rasan hehehe!!!
piye to cak maksudte…
@ yuki: aku wis tau on air mas… Bengi-bengi…
wah cak dion iku ngajari seng aneh-aneh aku nek ngonsumsi SS gak isok nyapu la’an he.. he.. he…
*kayak pernah kenal dech
Salam kenal
*pura2 aja alias basa basi aja.
#arul: wifian gratis? gak jaman rek.. pulsa murah moso sek golek gratisan? ayo njebol star1 maneh! *sssttt… jangan kenceng2, indosat tau ntar!*
#cempluk: chubby? well… ini yg bikin laris, pluk! *hah, temen ta?*
#nanakiqu: deteksi jawa pos? lha ini domainnya aku pake duluan biar gak dipake sana! *uhuhuhu…*
#gempur: mardun iku koyo lele, lunyu pak! sak durunge aku mbisiki areke wes ucul maneh! *pisss, dun!
#neng chiw: salam pramuka!!!!!!!!!!!!!!!! *mlayu, wedi dipenthung sapu*
#anasmcguire: podo! brarti njenengan seneng memorabilia atawa musik klasik ya? *pasti cerdas, koyo aku, wekekeke…*
#yuki: sms thok, wedi cak ate telpon SS, ngko iso ngalah2i pak iwan, pak parlin, pak edi, pak agustinus, dokter karno, dsb… sungkan, awake dw lak sik nom cak.. *halah, sak jane eman pulsa ae kok :D*
#toekang sapu: gampang cak, iki aku lagi ngrancang sapu multimedia, ono mp3-ne, ono radione, ono tv-ne, ono ac-ne, ono kulkas-e… *lah, iki sapu opo omah?*
#ina: aku kangen kamu! *halah, baru chat sekali, itupun gak panas2 amat, kok dah kangen? dasar bajul buntung!*
#yg lain: salam kenal semuanya, pisssss….
bro, sampeyan blum isi biodata yo?

ayo dimari no
salam kenal
*anggota baru harus nyapa senior
iki sing datang telat mau yoooo
#ARUL
siap bro..
#nRa
salam kenal juga.. semua blogger basodara..
#Avy
yup.. tadi pas kopdar telat soalnya ada konsultasi dg dosen.. maaf…
[…] Baca di SINI, di SINI dan di SINI […]