Mau awan, TPC oleh undangan seko DEWAN KOTA SUROBOYO gawe melu “FORUM REBOAN DEWAN KOTA” nang Gedung FISIP UNAIR ruang “ADI SUKADANA” lantei loro sing wes dadi langganan. Arek TPC sing iso teko nang FORUM kuwi sing nulis, deteksi, lan wak kyai. Lah, sing dibahas nang “FORUM REBOAN” minggu iki masalah penggusuran wong sing urip lan duwe omah nang bantaran kali SUROBOYO, koyo sing urip nang daerah JAMBANGAN, GUNUNGSARI, JAGIR, BRATANG, RUNGKUT, lan MEDOKAN.
Sak-jeke ono penggusuran wong nang STREN KALI JAGIR, akeh wong JAGIR sing kudu ngalih seko panggonane sing wes suwe dipanggoni, padahal biyen critane jarene wong sing urip nang stren kali jagir kuwi oleh ijin seko walikota suroboyo tahun 1980-an (jenenge lali). Critane wong-wong kuwi dideleh nang STREN KALI JAGIR mergo digusur pisan karo PEMKOT amergo ono pemekaran PASAR WONOKROMO. Karo PEMKOT, wong sing kene gusuran, diwenehi lahan lan KTP nang sebelahne KALI JAGIR.
Mergo ono gusuran kuwi, kiro-kiro penduduk rugi 21 miliar, 380 bangunan roto karo tanah, lah seko FORUM kuwi, warga stren kali njaluk pitulungan karo wong-wong urun-rembug yo opo penakne ngadepi PEMKOT sing jarene nikung warga masalah Undang-Undang (UU). Undang-Undang sing digawe pijean gawe nggusur warga STREN KALI, UU lawas ngomong 3 sampe 5 meter seko kali kudu ora ono bangunan, UU sing anyar 10 – 15 meter seko kali kudu resik seko bangunan. Jarene Anggota DPRD JATIM Komisi D Kaji Sholeh Hayat, nek gawe UU sing anyar artine DALAN JAGIR kene gusuran pisan, amergo nek diitung seko kali jarakne mek 7 meter-an. Padahal PEMKOT SUROBOYO gawe UU sing anya gawe ngusir penduduk. Seko dualisme UU iku, warga STREN kali golek pitulungan nang KOMISI D DPRD lan ngelawan PEMKOT SUROBOYO lewat class-action nang Pengadilan Negeri.
Nang Forum kuwi teko pisan Bu Sri Setyo Rahayu perwakilan POLWILTABES SUROBOYO sing njelentrekno POLISI kuwi ora melu-melu ngobrak-ngabrik, tapi POLISI mek dijaluki pitulungan gawe ngademno atine massa ben gak anarkis. Sing Mbongkar lan obrak-abrik tetep karo SATPOL PP sing jarene koyo PREMAN kuwi. Tapi ono warga sing melu Forum Reboan nylethuk, nek warga ora wedhi karo polisine, tapi warga wedhi karo khirek sing digowo, sak ruangan guyu kabeh…:).
Kaji Sholeh njelentrekno pisan, saiki GUSURAN sing dilakoni PEMKOT kudu mandheg dhisek, gawe ratifikasi disek UU sing engdi digunakno gawe pijekan hukumne. Warga BRATANG sing jarene ulan iki digusur jek iso ambekan dhisek, mergo POLISI ora dikonthak dijaluki pitulungan gawe GUSURAN STREN KALI lan KOMISI D DPRD JATIM ngandani Wali Kota SUROBOYO Cak BAMBANG D.H. ngendekne dhisek gusuran stren kali sampe aturan sing digawe jelas.
Mugo-Mugo warga STREN KALI SUROBOYO lan STREN KALI JAGIR oleh keadilan, ojo mek ditikung dan dibujuki thok……….
May 27th, 2009 at 21:02
sepurane sing kathah, absane amburadul…..
saiki SUROBOYO lagi kilangan identitas awakne dhewe…., boso soroboyo wes ora ngerti kabeh…..
*versi bahasa INDONESIA call me*
May 27th, 2009 at 22:22
May 28th, 2009 at 04:56
wakakakaak… wong asli suroboyo yo ngene iki nek nulis suroboyoan, apik man! lanjutkan! lebih cepat lebih baik!
masalah stren kali ngono yo cak, ancen miturut rembugan wingi anok aturan sing direkayasa gawe nguntungno pabrik-pabrik ndek sekitar kono. masalahe sing omahe mepet kali kui wong-wong biasa, lha sing rodo adoh teko kali kui pabrik-pabrik sing gawene mbuwang limbah neng kali kono..
aku curiga jangan-jangan iki onok unsur politis utowo kepentingan bisnis gawe investor sing arep manggon neng pinggir kali kui..
piye derek menurutmu?
May 28th, 2009 at 05:22
sing penting cangkrukan bareng dhisek sakdurunge pemkot bertindak. sopo ngerti ono solusi sing apik gawe wong-wong sing wes kadung nggawe omah nang kunu.
May 28th, 2009 at 05:26
usul wae mbiyen sing nggawe kali sopo, ono iijine ora, mosok nggawe kali sakarepe dewe, bwahaha…
May 28th, 2009 at 05:40
lek aku, mbok yo pemkot ngobrak-abrik baliho, bilbrod lan bando dalan sing nggapleki lan nggatheli kuwi. Opo ancene cangkeme pemkot wis diuntali karo warna-warni lan sakkancane yo?
May 28th, 2009 at 06:51
@slamet: jelas iku met, tata kota iso’e orip mergo bando iku, seng cilik-cilik gak tau oleh kesempatan
May 28th, 2009 at 06:53
Matur suwun seng akeh gae wong-wong seng mbantu lan peduli masalah stren kali
May 28th, 2009 at 07:00
Lha genok program rusun ta? Mbok jo sakderma ngobrak. Penegakan hukum iki jo mung text book banget, sisi sosiologise piye jal?
May 28th, 2009 at 07:56
Arep protes dhisik la kuwi kok isih akeh boso indonesiane sing durung diterjemahne nang boso suroboyoan ?
Yo ayo sauyub saeko proyo lan dongo dinongo kanggo sedulur STEN KALI mugo mugo ono pemecahan sing palin apik . . Amiin
May 28th, 2009 at 08:19
aku seneng maca tulisan jawa wetanan kaya ngene iki…
salut kanggo warga stren kali, muga-muga perjuwangane cepet kasil kanti adil…
May 28th, 2009 at 09:05
apik!!! … wak kyai ndasmu mlethek ngunu (lmao)
May 28th, 2009 at 09:07
walikota sukoco man seng nggusur teko pasar wonokromo ng stren kali …
May 28th, 2009 at 17:41
wah nek nang SUROBOYO, kudu ndelok POJOK KAMPUNG pokokne…
May 28th, 2009 at 18:24
suwi gak mlaku”neng stren kali…..
May 29th, 2009 at 07:33
hoi..cack Luxsman…..
KULO SANGAT NDUKUNG SAMPEYAN DALAM MELESTARIKAN BOSO SUROBOYAN UTOWO NGGRESIK AN
May 29th, 2009 at 07:43
@det…..
PABRIK dan Warga stren Kali….ono opo yo..?? iyo mungkin ada PABRIK di balik batu…maksude Warga stren kali di sawati watu
May 29th, 2009 at 22:23
Ingkang Dzolim mugi-mugi pinaringan Balesan Ingkang setimpal
May 30th, 2009 at 11:08
Bantaran kali asline duduk kanggo panggonan omah opo maneh kanggo dodolan.. Satpol PP iku asline yo dadi korban lo…kan dewek e yo cuma dikonkon thok…