Acara neng Malhikdua Bumiayu

Seliane acara–acara internal neng jero kota TPC be sering dolan – dolan maring kota – kota sing ana kumpulan blogere. Neng tahun 2009 kie kuantitas kunjungan kue akeh nemen, mulai sekang ziarah wali blogger, talkshow neng pulau garam alias Madura, Kopdar neng kota ngawi, wisata bloger wonosobo, ambalwarsa kota reog Ponorogo tekan sing terahir kunjungane maring PP.Al Hikmah 2 nggone kumpulne bloger malhikdua lahir karo ngumpul.

Neng Kunjungan malhikdua kie TPC kur ngirimna Nopianto tok, sebabe lokasine lumayan adoh neng pojok kulon Jawa Tengah. Seliane kue, neng dina sing pada TPC lagi kebek kebeke acara neng Surabaya. Sekang informasi sing mlebu neng dina kue TPC lagi melu quis Rock’in HardRock FM. Tekane Nopianto sing alamat mayane neng dunianopy.com kie ora ucul sekang penjalukan khusus sekang mas novi pengawite bloger malhikdua. Wong kae dewek sing kebeneran anggota TPC njaluk kang Nopy kon teka aweh semangat maring bloger malhikdua sing wis suwe kosong sekang kegiatan blogere.

Pas jam 14.00 theng, neng ruang perpustakaan lante loro GOR Al Hikmah acarane silaturrahmi karo dialog demulai. Kanggo pengawitan di kenalna slide pengenalan blog deng ishaq, wong sing ngrintis bloger malhikdua. Seteruse de sambung deng mas novi, kang nopy terus trus Pradna Padahane mas Novi kue asem gareme neng perjuangane internet manjing pondok, akehe mung ngomong manfaate blog nggo santri. Wong kue mau ndeleng dewek statistic penggunaan blog sing terus temurun. Apamaning siki wis ana pesbuk sing nyebabna blog disingkirna, esih juga karo nyambung karo masalah kie, kang nopy sing dadi tukang ngomong nomer loro kui luwih akeh mbahas soal kegunaane blog sekang sisi manfaate neng darat, kebenerane kang nopy kue mau jagone kopdar atawa basa gaule ketemuan bloger neng darat karo bloger liane.

Anggene enyong rika kabeh bloger bloger malhikdua bisa majukna manfaat blog nggo wong wong lia terutamane kie para santri mestine akeh kemungkinan kegiatan bloging arep dadi kesenengan sing utama pondok. Pesene kang nopy neng arepe 250 ( rongatus seket ) santri, manfaat mau kue bisa di jiot karo nglakoni kegiatan social, misale donor darah mbantu korban bencana lan sapenunggale, sebab sing sering kedadian kaip ganu tekan siki, kegiatan sing nyata kue jan memang durung ana, tapi njerone kenyataan neng dunia bureng bloger malhikdua isine ya kue kue bae misale curhat, puisi cinta, lan liyane, lah kieh sing mawakna pondok kue esih separo ati olehe aweh kebebasan internet nggo para santrine. Lanjutane kang nopy nyindir bloger sing postingane melo.

Selaine kang nopy neng acara sing di selenggarakna deng KSPD – “OSIS” MAK MALHIKDUA ana juga Daud karo Pradna blogere wong Purwokerto. Daud kue alumni Malhikdua, lha si pradna kue praktisi linux sing aktif neng KPLA banyumas, Selamet ya nggo bloger Malhikdua. Semoga bisa aweh manfaat nggo sing liyane, karo moga – moga tambah sugih ranah online lewat tulisane.

10 Responses to “Acara neng Malhikdua Bumiayu”

  1. crow poc :

    partamax

  2. ericova :

    keduaxxx

  3. cisthouse :

    Makin mantap saja… Jayalah selalu TPC

  4. luxsman :

    wah, penyamun menyambangi sarang MACAN

  5. gajah_pesing :

    Yo iki gak salah nek si Nopy dijuluki The King.. Gak cuma Rojone Kopdar tapi yo Kong-kow marang panggonan blogger

  6. Frenavit Putra :

    setuju karo comment e mas gajah… sah…

  7. nggresik :

    cak Nopy…eson kangen

  8. ajengkol :

    SubhanAllah kalau semua santri sudah ngeblog hehehe ‘dakwah via blog’ akan semakin marak

  9. gempur :

    wow.. kong ‘The King’ pancen oye banget. opo maneh disandingno bareng nopi sijine.. double nopy ndadekno TPC luar biasa bleh..

  10. Maulana Mufti :

    Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
    salam kenal, wong endi kiye, wong bumiayu apa dudu???

Leave a Reply