Assalamu’alaikum…

Sugeng siang dulur-dulur.
Aku jan-jane dudu wong asli Suroboyo, tapi mergo saiki ning Suroboyo yo aku nunut melu ning komunitas iki.
Jenengku Wahyu Widodo, asline seko Jawa Tengah, cedhake pabrik Aqua. hehe. Biasane diceluk Wahyu. Aku saiki sik ngangsu kawruh ning ITS utawa Institut Terbaik Se-Indonesia (bagian timur ^_^v). O iyo… saiki aku manggon ning Ma’had Ukhuwah Islamiyah, salah sijine Pesantren Mahasiswa sing ono ning Kejawan Gebang gang siji nomer nembelas. :p
Dulur-dulur, masiyo aku dudu wong asli Suroboyo, tapi ayo podho kekancan, dadio sedulurku, dadio konco-koncoku ben aku gak dhewean ning kene. Ayo sambung silaturrahim.
Ojo lali mampir ning blogku yo sepotongepisode.blogspot.com. Ning blogku kuwi yo isine macem-macem. Campur-campur tapi dudu tahu campur. Opo neh rujak cingur, gak ono, tukuo ae ning Cak Har cedhak terminal ae. wkwkwk
Wis dhisik yo rek, mampiro ae ning blogku, InsyaAllah aku mampir balik ![]()
Salam Kenalll… ^_^
May 12th, 2012 at 19:45
salam kenal bro!
Ni blogku juga mau gabungan di komunitas ini… Gak tau di ijinin apa enggak…. Soalnya saya bukan asli surabaya
May 17th, 2012 at 11:06
yah diijinnin lah broo..
masio uduk asli cah suroboyo,kuwi yoo ttep manggon nag kuto iki…
yoo ttep iso kancanan karo awak2 dewe..
semoga sukses kuliahmu..
May 30th, 2012 at 01:58
Salam kenal juga Cak,
wee.. tiang jawa tengah wes iso suroboyoan yo.
July 5th, 2012 at 00:03
banyak ilmu dan wawasan yang saya dapatkan disini, khususnya yang aku baca saat ini tentang wahyu widodo, terimakasih dan salam ukhuwah wahai sauadaraku.
July 23rd, 2012 at 11:08
salam kenal cak
October 24th, 2012 at 01:43
Aku juga kepingin lo rek….
January 15th, 2013 at 17:33
salam kenal mas …. visit back my home
March 23rd, 2013 at 16:36
gan jawa tengah’e cerak pabrik aqua ne ngendi he? Klaten? aku yo wong klaten loh saiki neng suroboyo golek upo,…. yen podo podo wong klaten salam kenal gan